Kamboja
Kamboja (i/kæmˈboʊdiə/; Khmer: កម្ពុជា; UNGEGN: Cithakan:Transliteration),[1] sacara resmi dipunsebat Karajan Kamboja (Khmer: រាជាណាចក្រកម្ពុជា; dipuntransliterasi dados Réachéanachâkr Kâmpŭchéa, punika satunggaling negari wonten ing Asia Kidul-Wétan Daratan, kanthi wilayah kanthi ukuran 181,035 square kilometres (69,898 mil pesagis), wewatesan kaliyan Thailand ing sisih lor-kulon, Laos ing sisih lor, Vietnam ing sisih wétan, lan Segara Thailand ing sisih kidul-kulon. Kutha krajan lan kutha ingkang paling akèh padunungipun inggih punika Phnom Penh.
Praja Ageng Kamboja
Kerajaan Kamboja ព្រះរាជាណាចក្រកម្ពុជា Preah-reach-anachâk Kampuchea Royaume Du Cambodge |
|
---|---|
Motto: ជាតិ សាសនា ព្រះមហាក្សត្ (Basa Khmer: Bangsa, Agama, Raja) |
|
Gunagita: Nokoreach | |
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
|
Phnom Penh |
Jawatbasa | Khmer; basa Prancis |
Papréntahan | Monarki konstitusional dhémokratik |
• Raja
|
Norodom Sihamoni |
Hun Manet | |
Kamardikan | |
Pijembar | |
• Gunggung
|
181.300 km2 (70.000 sq mi) (87) |
• Banyu (%)
|
2,5% |
Population | |
• Pikira-kira 2005
|
13.881.427 (65) |
• Cacahjiwa 1998
|
11.437.656 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2003 |
• Gunggung
|
$29.344 juta (86) |
• Saben wong
|
$2.189 (122) |
Artacihna | Riel 1 (KHR) |
Laladan wektu | UTC+7 |
• Mangsa ketiga (AKK)
|
UTC+7 |
Kodhé bèl | 855 |
TLD internèt | .kh |
1 Dhuwit lokal, sanadyan Dolar AS isih sok dipigunakaké.
|
Pasarékatan Bangsa-Bangsa nyathet Kamboja minangka nagari negara ingkang paling kirang berkembang (Least Developed Countries).[2] Kamboja punika anggota saking Pasarékatan Bangsa-Bangsa, ASEAN, RCEP, East Asia Summit, WTO, Gerakan Non-Blok lan La Francophonie. Kamboja ugi dados pasanggiri dialog karo Shanghai Cooperation Organisation.[3][4] Pertanian tetep dados sektor ekonomi utama, kanthi pangembangan ing bidhang tekstil, konstruksi, busana, lan pariwisata ngasilaken investasi asing lan perdagangan internasional ingkang mundhak.[5] Kamboja dipunanggep minangka salah satunggaling nagari ingkang paling rawan marang perubahan iklim.
Sitiran besut
- ↑ "Cambodia". Dictionary.reference.com. Diarsip saka asliné ing 9 March 2013. Dibukak ing 16 March 2013.
- ↑ "UN list of Least Developed Countries". UNCTAD. Diarsip saka asliné ing 29 March 2012. Dibukak ing 4 November 2019.
- ↑ Kucera, Joshua (10 July 2015). "SCO Summit Provides Few Concrete Results, But More Ambitious Goals". Eurasianet. Dibukak ing 16 October 2021.
- ↑ "Cambodia becomes dialogue partner in SCO". TASS. 24 September 2015.
- ↑ "Cambodia to outgrow LDC status by 2020". The Phnom Penh Post. 18 May 2011. Diarsip saka sing asli ing 21 May 2011. Dibukak ing 20 June 2011.